Smart Qurban: Qurban 1/7 Sapi DIY
Qurban

Smart Qurban: Qurban 1/7 Sapi DIY

Laznas Ikadi

Dibuat oleh

Laznas Ikadi

Rp 0

terkumpul dari Rp 200.000.000

0.0%

tercapai

0.0%

0

Donatur

27

Hari Tersisa

Tentang Kampanye Ini

QURBAN PEDULI DIY

Nyambung Roso, Ngluwari Sedulur ing Pelosok


Wong Jawa kuwi uripe ora iso adoh saka srawung—nyawiji karo liyan, rumangsa sedulur sak urip. Ana uga nilai peduli lan “ngaruhke” (ngemong lan nggugah ati), ora mung mikir awake dhewe, nanging kepiye urip kita iso dadi manfaat kanggo wong liya.


Ing pelosok desa DIY, isih ana sedulur-sedulur kita sing jarang ngrasakke daging qurban. Ana sing urip ing kahanan rawan aqidah, ana sing kekurangan gizi, lan ana sing meh ora tau kesentuh distribusi qurban.


Qurban dudu mung nyembelih kewan. Nanging nguripke rasa, nyambung ati, lan dadi dalan nguwatke iman lan ukhuwah.


Liwat program Qurban Peduli DIY, ayo bebarengan:

Srawung nganti pelosok — nyedhaki sedulur sing adoh saka keramaian Peduli kanthi nyata — bantu sing butuh, ora mung krungu nanging tumindak

Ngaruhke kebaikan — nyebar manfaat lan nguripke harapan

Ngopeni umat — saka gizi nganti penguatan aqidah


Bayangno, jamaah Masjid sing ndonga kanthi tulus saka desa sing sepi, nanging suwarane tekan langit. Qurbanmu, dadi jembatan rasa.Srawungmu, dadi berkah tumrap sesama.


Ayo, gawe qurban taun iki luwih jembar maknane.Ora mung ibadah pribadi, nanging uga nguripke uripé liyan.


Saka kita, kanggo sedulur ing pelosok DIY

Catatan: Semua dana akan dikelola dengan amanah dan transparan. Kami akan memberikan laporan penggunaan dana secara berkala.

Update Kampanye

Daftar Donatur

Target: Rp 200.000.000

0.0% tercapai

Qurban